Jumat, 29 Agustus 2008

Pojok Pranotocoro

Oleh Ani Wahyu Indarasati
email: ani_wi@ymail.com


SUGENG TINDAK BAPA

(disampaikan pada saat pisah kenang Kepala Sekolah)


Yogene ora langgeng mangkene,
Segara lan angin kang nguntapake
baita kita,
Nalika warta tindak panjenengan,
NDak tampa tanpa panyangka.

Tindakmu pancen sumedhot ing pangrasa,
Senadyan ora adoh saka pandhulu,
Nanging tansah nuwuhake rasa kapang ing dada,
Mula ndak suwun, aja ana tumetesing waspa.

Sugeng tindak bapa,
Paringmu sesanthi bakal ndak rukti permadi,
“Makarya bebarengan lan bebarengan makarya”
Tansah manjing lestari widada.

Paringo agunging pangaksama, Bapa...
Dina iki aku ora bisa atur pisungsun apa-apa,
Ya mung, maewu puja pudyastuti rahayu,
Winengku sakabehing suka lan bagya,

Sugeng tindak, Bapa...
Tansah mesema sing sumringah,
Kareben dina-dina kang bakal katiti,
Katon tansah endah.