Jumat, 12 September 2008

Pojok Pranotocoro 2

Diasuh Oleh Ani Wahyu Indarasati
email: ani_wi@ymail.com

Sugeng Rawuh, Bapa
(disampaikan pada saat pisah kenang Kepala Sekolah)
Sugeng Rawuh, Bapa,
Nalika ing bang wetan katon teja maya,
nDak anti rawuhmu kanthi pangarep bagya,
Minagkani pandeganing baito iki,
Bakal ngripta adi karya nebar amrik ganda wangi

Sugeng Rawuh, Bapa
Aja dadi cuwaning galih,
Menawa nemahi reridu lan rubeda,
Kang wigati bisa gilig nyawiji,
Mula ndak suwun, pijer ulungna astanmu,
Kita tansah gegandhengan rewang-rinewang,
Lumaku bebarengan mapagi dalan padhang.

Sugeng Rawuh, Bapa
Muga bisa memayu hayu hangayemi,
Mring mitra sesami,
Ndyan terkadang katon rob segarane,
Lan pancaroba mangsane.